Dipun cariosaken dening : Amelia Ratna A
“Pedhut ing Kraton Kasunanan Surakarta”
Alkisah punika lumampah saking keluarga Kraton Kasunanan Surakarta, rikala semanten ingkang dados panguasa tunggal Kanjeng sinuhun Pakubuwana IV dipun cariosaken bilih kalenggahan raja punika anggadahi
panguasa ingkang tunggal.Dados boten mokal bilih sang Prabu kathah pawestri ingkang dipun dadosaken garwo, uga ing tata praja. Awit saking punika garwa ampil sang Prabu ingkang tumindak sekeng kalayan krabat ing wewengkon kraton.
Carios punika bukanipun saking patrap rongeh para selir
ingkang dados para punggawa tumindak sing ngrusak paugeran , kedadosan garwa ampil Pakubuwana ingkang nama Sekar Kedhaton kalayan Pangeran Harya Sengara kekalih titah kalawau dipun sumurupi Pakubuwana IV ingkang dadosaken sang Prabu dados murka, Sekar Kedhaton banjur nampa pidana pati. Sajroning pakunjaran Sekar Kedhaton sirna, ora ana sing ngerti sapa kang nylametake , sang Prabu banjur duka punggawa sing dadi sasarane, sang Prabu utusan marang punggawane supaya golek sisik melik panggonane Sekar kedhaton. Pungkasane ora ketemu dodok selehe Sekar Kedhaton.
“ Kedadehane Desa Poleng”
Mobah mosike swasana Kraton Kasunanan Surakarta, sabubare Sekar Kedhaton kasil mlayu saka pakunjaran.
Kanthi nggawa rasa susah, Sekar Kedhaton lakune kapuntal-puntal lelana ijen deweke tumeko ing alas Poleng sing kiblate sak lor wetan punjere Kraton Kasunanan Surakarta. Ing wewengkon Poleng kala semanten taksih awujud wono sing isih ketel banget, ora mokal ing kono isih gawat lan akeh kewan galak, ora ana pawongan kang wani mlebu alas mau. Sekar Kedhaton ing kahanan kaya mangkono namung pasrah manggon ana ing alas, dheweke ndelik ana sajroning wit “ kepoh” sing growong, wong sak kiwa tengene kanga aran “leng” ya ing kono mau Sekar Kedhaton ndelik nyingkir saka Kraton.
Wusananipun bebasan sak rapet-rapete nutupi bathang bakale uga mambu. Prajurit sandi mau bisa ngerteni panggonane Sekar Kedhaton banjur marak sowan marang sang Prabu, menawa Sekar Kedhaton ndelik ana ing kepoh growong . Sang Prabu banjur nimbali para tukang tenung supados merjaya garwa kang tumindak nistha kanthi cara alus
“ Misteri Teluh Jati Poleng”
Cara apa wae ditindakake para tukang tenung sing di dawuhi supaya Sekar Kedhaton bisa sirna saka janaloka. Kabeh cara wis ditindakake ananging pejah gesangipun titah kala wau sampun ginaris ing khodrat namung Gusti ingkang maha Agung ingkang kuwaos.
Tenung – tenung kala wau mbadal saka Sekar Kedhaton malah wit – witan sak kiwa tengene sing ketaman kalebu wit jati, wong kolot ngandarake “ jati poleng”
Kena ngapa Sekar Kedhaton mbadal saka tenung?
Alkisah carios Sekar Kedhaton tumindak nistha kalayan punggawa Harya Sengara mau amung rekadaya saka para selir –selir sanes supados sekar Kedhaton bisa sumingkir saka Kraton, jalaran selir –selir mau nduweni rasa meri marang Sekar Kedhaton mula banjur pokal gawe sing ora trepsila. Ngada – ada Punggawa Harya Sengara ngrusak paugeran kalayan Sekar Kedhaton supaya ing wewengkon Kraton dadi geger lan krungu menawa Sekar Kedhaton tumindak nistha, sing pungkasane Sekar Kedhaton bisa sumingkir saka Kraton. Mula Sekar Kedhaton banjur ngankake sumpah lan janji “ Yen mengko kepoh lan jati ing sak kiwa tengene kang kena sawab tenung saka Kraton kasunanan kuwi bisa males larane atiku marang wong –wong sing padha aniaya” mula ya ora aneh tumeka saiki aran “ jati poleng” kumandhange kondhang kanggo tumindak durjana. (luput benere wallohu alam) marang para – para ingkang maos.
Miturut juru kunci Kayu Jati poleng Mbah Praya Semita utawa para pamuka adat ing Desa Poleng nyariosaken bab sing wis kulina kedaden sing ana sambung rapete karo Kayu Jati Poleng kasebut bisa kanggo ndadekake wong dadi lara sing ora mbetah, ngenggoni panggonan ora krasan, lan bisa konggo nyirnakake manungsa.ana anggepan yen manawa sawijining wong njaban desa ora kena nggawa barang kang awujud apa wae ing Desa Poleng mau yen wewaler iku dilanggar bakal nekakake bebaya. Wonten malih wong – wong Desa ing kono menawa nglampahi krama ya mung sak kiwa tengene.
Kang kabukten kayu Jati Poleng tumeka seprene isih ana sawijining kayu jati tuwa udakara telung meter dawane sing wus awujud kayu glondhong mula ya ana panggonan mau di anggep dadi panggonan sing kramat sing di yakini bisa paring pangayoman marang masyarakat sak kiwa tengene.
Sumber : http://perpustakaansragen.blogspot.com/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar